Senin, 16 Februari 2009

Mbudidoyo Nglampahi Primbon Projo

Dumateng sedoyo sederek ingkang sakmeniko nglampahi jejibahan wonten ing projo wonosobo, langkung-langkung poro kadhang ingkang nate ngunjuk toya jatinangor, kawulo namuk badhe caos warto bilih sakminiko wonten ing jejibahan kawulo ing tlatah kertek, nembe kathah pedhamelan ingkang kedhah kawulo esthoaken dawuh.

kathah babagan ingkang kedhah dipun rampungaken ing wedhal sak puniko. pramilo dumateng panjenengan sedoyo, kawulo nyuwun pambyantu arupi dedungo lan sak panunggalipun, amprih kawulo sageto nglampahi perkawis puniko. mboten ateges getun nopo maleh ajrih, ananging meniko namuk mbudidoyo saking cublukipun kawulo, pramilo dedungo panjenengan kawulo suwun, mugi-mugi sang Moho Kuaos maringi gangsaring margi.

awit puniko lantaran panjenengan ugi, kawulo nyuwun restu mugi babagan perkawis, duko puniko perkawis PBB ingkang mboten nate lunas, duko lingkungan ingkang sampun mprihatosaken, duko pendidikan wargo ingkang tasih andhap, derajat kewarasan wargo utaminipun poro biyung lan jabang bayi ingkang kekirangan gizi lan sakpanunggale. sedoyo puniko ing tahun 2009 sageto dados sae kadhos ingkang dipun kersaaken sedoyo masyarakat kaliyan panembating projo wonten ing pusering Wonosobo. meniko ugi sampun kachatet wonten ingkang dipun sebat Primbon Projo, ingggih meniko RPJMD tahun 2006 dumugi 2010. mekathon pawartos saking kertek Nuwun.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Orang Bijak adalah Orang yang bertanggung jawab atas komentarnya......ttd admint awib_04